13
Jul

Kiye lagune wong Tegal

   Posted by: traju   in Basa Tegal, Nyante

Batir-batir kabeh, kye enyong olih lagu sing kancane aku, lagune bocah hip-hop tegal ngagnggone full basa tegal, yooi pacoy nemenlah pokoke.Lagune sing gawe OPHI Tegal, mbuh nyong be ora patia paham kue wong Tegale ngendi. Sing pasti aku salut, soale wani gawe lagu nganggo basa Tegal sing logate medok banget. Isi lagune juga lumayan ana mutune, ora mung angger ceplos tapi yaa ana pesen moral sing pengin disampekena.

Aku pertama ngrungu lagu kiye jan ngakak-ngakak terus, soale lucu terus juga nggawe kemutan karo asal-muasale dewek. Bahasane pancen bener-bener tegal banget, aku sing wis radan suwe ning Semarang be mung bisa cengar-cengir tok kemutan bahasane dewek sing mbiyen biasa dienggo tapi saiki jarang nganggo maning. Kiye secuil cuplikan lirik lagune lucu bangetlah:

Balikan…balikan… balik Jakartanan 3x

Nembe tak rasani, jebul ana taksi, mbuka lawang mburi..

Eee…laguea bocahe 2x

Dasar bocah umure dawa, dirasani kok malah teka

Rupane balikan sing Jakarta, saiki nganggo kacamata

pengrasane deweke sapa, karo kanca ora nyapa, apa matane wis buta?!?

Kiye lagu indie, enyong melu mempublikasikena lagu kiye ben wong-wong Tegal pada ngerti, bahwasane ana bocah-bocah enom Tegal sing gelem nguri-nguri bahasa Tegal, sama sekali langka tujuan nggo bisnis. Kyeh monggo diunduh

This entry was posted on Friday, July 13th, 2007 at 4:48 pm and is filed under Basa Tegal, Nyante. You can follow any responses to this entry through the RSS 2.0 feed. You can leave a response, or trackback from your own site.

51 comments so far

 1 

hmm ana sing ngerti ora kiye lagune sing gawe bocah endi, tegale ngendi maksude??

July 16th, 2007 at 11:18 am
 2 

wuiiiihhhhh….. lirike apik, jos nemen!!!! kiye lagune sapa ju?

July 18th, 2007 at 7:04 am
 3 

lagune OPHI ms, mbuh kue Tegale ngendi. coba di donlot bae ms, kwe tak nain link-e ning multilpyku, tp kudune duwe acount multiply, coba bae wis…mesti ngakak2 krungu lagune

July 18th, 2007 at 10:47 am
 4 

haluu..meet kenal ya enyong wong tegal juga tpne saikine kerja neng bekasi

July 18th, 2007 at 6:56 pm
 5 

donwload ach, kaya apa janjane lagune?

July 20th, 2007 at 6:35 pm
 6 

aku ora bisa donlot.neng endi sii

July 26th, 2007 at 11:44 pm
 7 

kuwe loy yarr ning tulisan pakling terakhir (diunduh), kwe ning tak upload ning multiply-ne aku, kari pan donlot kudune duwe acount multiply ndisit

July 27th, 2007 at 3:07 am
 8 

ora duwe akun multiply….
di hosting neng liyane ra…bias siapa ja abisa donlot.

July 27th, 2007 at 10:51 am
 9 

donlot nang kene bae…http://jajul.co.nr ana sing ngerti lirik lengkape sisan ora??/

August 11th, 2007 at 4:34 pm
 10 

logo warung tegale di dokon nang blogspot malah error kyeh

August 11th, 2007 at 4:36 pm
Jajul
 11 

sing pengen donlot lagune ophi,,,tapi ra nduw account multiply,,nang kne bae donlote http://jajul.blogspot.com/2007/08/lagu-rap-indie-bikinan-wong-tegal.html

August 12th, 2007 at 12:47 pm
 12 

Kayane lagune wong randugunting

August 21st, 2007 at 11:58 am
topcer
 13 

lagu balikan jakartanan yen ora salah aku tau krungu sing mirip, semangat garo ceritane pada, iramane pada de el el.
lagune wong makasar; yen ora salah sing nyanyi ART2TONIC judule ‘makasar bisa tonji’ albume ‘MAKASAR BISA TONJI’
alhamdulillah, lagune art2tonic kiye bisa memunculkan semangat kebangkitan makasar sebagai ibukota indonesia timur n mulai mengharamkan logat garo bahasa selain logat/bahasa makasar selama ning makasar kecuali acara2 resmi tertentu…
muga2 ophi atawa penyanyi tegal liane bisa gawe lagu sing gawe semangat wong tegal
HIDUP TEGAL

September 2nd, 2007 at 5:11 pm
dyanz
 14 

ophi,,, nyong demen gaya lo nge hip_hop….
cayo go nt ……

September 18th, 2007 at 9:44 am
 15 

Lagune keren cuy!
Ana sing bisa bantu ‘nyong ora kyeh!
Aku lagi golet lagu tegalan.

October 1st, 2007 at 9:24 pm
 16 

@ nyonge: mas donlot aja di blogku: traju.multiply.com

October 2nd, 2007 at 9:11 pm
 17 

Kang Ju,

Enyong wingi wis melu donlot kabeh lagu tegale. Nggawe akon multiply khusus kanggo”nyedot”

Rada mumet arahane inggris kabeh, tapi berhasil.
Ngrungukna karo gembuyu ngakak!

October 23rd, 2007 at 10:55 pm
 18 

Ana Maning ora lagune ju??
Kayane kudu disebar men wong2 pada ngerti Wong Tegal kiye pinter2…

December 26th, 2007 at 8:41 am
Dhee
 19 

Bisa di translate-in gak? :D aku sering lemot kalo denger orang tegal ngomong, cepet banget n banyak vocab yang masih asing utk ukuran bahasa jawi. gimana dong kalo nanti aku diajak ke keluarga cowokku di tegal?? hikss…

January 15th, 2008 at 12:52 pm
 20 

ning ora salah kuwe sing ngarang arane opi, bocah gembong kulon talang. kerjane njahit neng jakarta melu mase aku.

January 24th, 2008 at 9:41 pm
joe SeeMs LiKe IdiOt
 21 

Hahaha… semalam dia baru aja main ke rumahku, Ya Ophi, bocah Gembong Kulon, adine Ali. Kerja di Jakarta, njahit. Lagi bengi tak ajak melu proyek pa Bupati ( gak ada hubungane karo politik). Band2 sing melu projek bupati JUga ana maning: Rasarasta, G-0ne, On/Off. Ophi rencanane nggawe Grup Voice Rap , personele telung wong, arane Ophi kabeh!! dinteni bae ngko gerakane, muga2 Tegal ora cuma dikenal Wartege tok! ( mangan bae…). Aku juga rencanane pan nggawe lagu bahasa tegal judule “Lagu Indie” eben bocah Indie tegal pada PD karo bahasane dewek, daerahe dewek lan komunitase dewek, semangat indine dewek. Pokoke Tegal abiz.

February 13th, 2008 at 1:25 pm
joe SeeMs LiKe IdiOt
 22 

neng daerah liane,Image tentang tegal kue daerah sing bahasane medok, isine warteg, trus… apa maning?… apa maning ya..sing wis dikenal wong luar tentang Tegal?… hm… apa maning ya?.. ayolah sapa bae sing ngrasa dadi wong tegal, ayo bareng- bareng majukna daerahe lewat dalan apa bae, musik mayor, musik indie, underground, model, pariwisata, apa baelah.. sing penting SING APIK- APIK!. neng dunia band sampe saiki sing pernah booming kue R band lan sampe saiki durung ana sing ngalahna boominge sampe level kaya kae. delat maning R band ngetokna album tapi arane ganti dari eR band ( personel ganti), albume indie ( kayonge). Nah ana kabar maning, JIM band ( major labels pertama di Tegal) saiki wis ganti vokalis, trus aran bandne juga ganti dadi MoZAs ( mbuh pan major/ indie maning), muga- muga bisa luwih booming dari proyek JIM mbiyen, ben tegal dikenal se Indonesia. Tirtomani band ( balkot) , Indie, meskipun lagune ora booming nemen (kaya R band ) neng Tegal tapi albume dipublikasikna anj0g malaysia, muga- muga neng Malaysia juga pada kenal Tegal. trus… apa maning ya?… hehehe SeeMs LiKe idiOt dewek sih masih jalan di tempat hehe… dongakna bae SLI sehat eben masih bisa terus ngomong nganggo basa tegal nduwur panggung saat manggung,Hidup Tegal!!!!!! Nyong Bangets!!!jON MBOKAN ANA INFO HUBUNGI AKU YA.. bejosoepardjo@yahoo.com

February 13th, 2008 at 1:48 pm
saefudin
 23 

tulung lhe’…nyong pengen temen lagu2 tegal sing moncer..dong ana sing duwe ya’
kirimna nganggo file attachment mp3 neng:
ase_lto@yahoo.com

February 15th, 2008 at 3:36 pm
indra MoZAs
 24 

yanu pengin musik tegal maju jon.. aja pada sombong2an,sok2an,sok hebat,sok top, sing santai bae,musisi tegal ngumpul bareng,moci karo udud kan asyiik… trus aja saling membedakan, jujur bae yanu paling najis dong weruh tulisan “NO UNDERGROUND” bareng2 brayan pibe sih, aliran musik kan expresi jiwa,dadi tulung aja digolong2 na,kapan2 dong gawe festival “YES UNDERGROUND YAA!”
oya mbokan ente2 pada pengin krungu lagune MoZAs,krim email bae maring : email_mozas@yahoo.co.id ngko tak kirim lagune MoZAs 5 iji,MoZAs asli band tegal lho…
thanks lots, no thanks to pembeda2 genre music!

March 7th, 2008 at 9:16 pm
yOghA MoZAs
 25 

WHUuuZz Up Jon!!!
piben kabare sedulur… wis pada mangan durung?
Btw, dadi wong tegal kudune bangga! duwe “WARUNG TEGAL” sing terkenal anjog seluruh penjuru tanah air indonesia.
Piben yah carane ben udu WARTEG tok sing dikenal,tapi musike juga… APAKAH MUNGKIN???
insya ALLAH bisa!! Mulane, khusus nggo wong2 tegal sing seneng musik ben bareng2 gotong royong. Maksude saling mendukung satu sama lain gitu!!
Nggo cah2 BAND, wong2 radio en surat kabar, pokoke seluruh masyarakat sing pengin diaku wong TEGAL, YUuuH bareng2 majukna musik tegal. POKOKE HIDUP MUSIK TEGAL!! MERDEKA!!
Hmmm, diriku acung jempol nggo Kang OPhie en Band2 tegal liane. Ai LopH yu FULL…

email_mozas@yahoo.co.id

March 7th, 2008 at 9:38 pm
ONdEl_sk8
 26 

AsSalamualaikum woNg tgl. . . Aku cuma pgn ngein saran go bCh bAnd tgl,, “aj smbng y dang wiz trknl!! Wlpn cma trknl nang tgl”
truz angGr bisa bAnd2n aj pop truz. . .Sing cAdaz secuil len. . .Aj weDi ora di knal.

March 9th, 2008 at 4:45 pm
 27 

hebats, hehehe, keren. mbiyen, jaman aku esih sekolah nang slawi, radio nang slawi atw tegal, duwe program khusus budaya lokal. acarane muter lagu2 tegalan, juga ana sandiwara. tapi mbuh saiki apa esih ya radione? soale jarang balik… hiks…

March 18th, 2008 at 10:57 am
novel em alam
 28 

bener2 kaya balik mrg tegal..
terus terang aku nembe nemu alamat kye. aku ngrasa kaya ana neng umah (baca:tegal), padahal saiki aku lagi ana neng depok. kanda2 masalah ophi, kebetulan enyong wong gembong asli. dheweke tanggane enyong walo ora patia perek. sing aku ngerti bocahe memang kreatif, sering dadi MC dang ana acara2 neng desa, kaya pitulasan lan liya2ne.
nyong juga terharu mbaca postingan2 sing ana. ternyata wong tegal nasionalisme maring tegale hebat2. ayuh pada mbangun tegal liwat bidange dhewek2. mahasiswa, seniman, bisnisman, ayo.. kabeh bae! dadikna tegal the most populer city in the world.
salam kenal, openK

April 1st, 2008 at 2:47 pm
DALBAN KOEX
 29 

maju terus bocah tegal aja ngisin2na… biarpun wong tegal sering diejek tp wong tegal bs terkenal diseluruh jagat bumi ini krn kreatifitasnya.. hidup si jawa koex..

April 2nd, 2008 at 8:05 pm
tirto hadinoto
 30 

primen sich carane ngungukkena lagune

May 7th, 2008 at 8:27 pm
M.pribadi PMJB
 31 

suwn salam kenal aq wong tegal gede ning bengkulu.enyong wong pangkah.

May 11th, 2008 at 3:42 am
M.pribadi PMJB
 32 

golet kenalan hub = m.pribadi82@yahoo.co.id

May 11th, 2008 at 4:16 am
aan
 33 

kiye link, klo2 poro rerencang gelem bisnis internet

http://www.50hari.co.cc

May 19th, 2008 at 4:21 pm
 34 

M Pribadi wong pangkahe goneng endi, pabrik gula ?? ap ning endi

May 22nd, 2008 at 3:45 pm
donny
 35 

mas bagi lagu nya ya
aku ngak isa download nya
kirimin ke email aku aja
docter_a@yahoo.com
makasih banyak mas

May 29th, 2008 at 10:19 pm
 36 

mas lagune emeb bisa di down load ohh….
lumayan bia go ring toon hp
lucu nean yah………!

June 19th, 2008 at 10:04 am
sasuke
 37 

iya terus ana juga band Tegal sing nggawagna lagu basa Tegal, arane Mr ROBIT. Judul lagune Koen Sapa?… lagune wis disebar ng radio2 se kota n kabupaten, tapi ora olih diputer soale ana/akeh ngumbar kata ASU!… info luwih lengkap buka bae ng Friendster: mr_robit@yahoo.com

band electric disco pertama ng TEGAL

June 19th, 2008 at 12:37 pm
Bambang Iswanto
 38 

sing nuliz liryc lagu kiye pasti wong sing pandangane luas sebab ngerti banget cangkok lagak lagune wung sing lagi terobsesi dadi wong kota, wis klalen karo kampung halamane dewek lan kanca batir ora dirawe. Apik bener-bener apik tenan neng endi bisa ngoleti CD atawa kasete.

June 23rd, 2008 at 4:12 pm
tedi triyono
 39 

salam kenal ya, aku dadi kemutan nang umah angger maca komentare bocah2 soale aku wis 12 taun ning bandung ora tau ngomong basa tegal barang maca kie dadi kayong ning umah, Kagok wetan slawi ayu, angger kebeneran ana ning bandung tulung sapa bae aku di mei krungu kebeneran aku dinese ning polda jabar bandung ora ketang pangkate sersan sing penting aku wong tegal oc bocah2!

July 11th, 2008 at 4:41 pm
dasmad'e
 40 

TEGAL Laka-laka neng endi2……
Kupat bongkok’e nggawe ketagihan,,,
donk enyong balik Tegal sempet bleh sempet kudu mbadog kupat bongkok….

Njaluk lagune ya kena oo…???
carane primen kyeh…???

July 29th, 2008 at 7:17 pm
 41 

huaa…iya betuL…

kue ophi cah gembong kulon, talang..
wingi-wingi melu mmriahna acarane bch2 nom ning GOR Wisanggeni Tegal..

kyeh liputane..
http://sintesa-ui.com/index.php?option=com_content&task=view&id=31&Itemid=1

August 27th, 2008 at 6:22 am
viyas
 42 

tegal….
tegal yang indah, tegal yang penuh dengan image. tegal yang tenar,,,,

September 7th, 2008 at 7:46 am
preman peleman
 43 

endi lagune sih,, laka sing bs di dwnload,,,

September 7th, 2008 at 9:36 pm
halo sodara
 44 

TOLONG..
kirim lagu tegal dunkss yang lucu..
ada lirik” yasudah lah kalo begitu’.
kirimkan ke email saya:
baja_diamond@yahoo.co.id
nanti terakan juga no ponsel pengirim.. dan akan saya beri imbalan pulsa elektrik..
serius nich…

September 25th, 2008 at 1:40 pm
Awas kampanye
 45 

awas, lagi byk beredar lagu tegal tapi jebule kampanye calon Bupati. lah.. ana maning sing kentir, suhu politik Tegal lagi panas2e, deweke malah nggawe sketsa bupati, lucu nemen sung!! aku nonton sampe kepoyuh, monggo pirso:
http://www.seemslikeidiot.blogspot.com
jebule sing nggawe bocah2 SLI ( di atas ada vocalisnya yg koment), bocah2e edan nemen yakin.

September 29th, 2008 at 4:47 pm
KaNk Doeloh
 46 

Salam Kenal, nyonk D03loh bocah Jatilaba sing nduwe Cacaban, saiki urip ning 3raksa Tangerang, nyonk nembe weruh ana blog sing isine wong2 Tegal. Janne nyonk kangen karo batir2 sekolah gemiyen, saiki pada ngendhi sih, ora ana kbre? nyonk llsan SMP 1 Pangkah th 1989, SMA 3 Tegal th 1992. Sapa bae sing kenal nyonk coba bae hub. abd03lloh@gmail.com, Truz wingi aku balik pas ana reuni SMP tapi aku ora bisa teka. Kanggo sing padha pan nyoblos Cabup & Cawapub, pilih calon sing bisa gawe Kab. Tegal maju. Janne wong Tegal pinter2 apamaning bisa diperdayakan. Hidup BETAWI (Brebes-Tegal-Slawi) Hidup PORTUGAL (Pwkerto-Tegal)

October 8th, 2008 at 5:46 am
Yoga klana
 47 

Endi lagu mp3 tegalan, ? Daning isine komentar tok,,

October 9th, 2008 at 3:45 am
Nurokhim
 48 

Arane hajatan pst rame,aja klalen y pd noblos no 2.angger pan milih bpt tegal saiki wkt ne.aku sing weruh dewek visi2 andika basir,najan aku peranto.ngko aku blk tgl 24 an,pan melu noblos.kusususe wong pagerbarang…pilih no 2 Andika Basir.angger Andika Basir ora dadi ya bakale tegal pan susah terus..ketinggalan jaman karo kab liane.kususe manene bpne nyong2 kbh sing nang desa.petani endah makmur ya anak2e milih no 2.andika basir slm keberhasilan tegal..

October 13th, 2008 at 8:28 am
 49 

luthu mas….monggo pada mampir ning blog wong Tegal jg ya http://www.kawel.info

October 18th, 2008 at 5:30 am
ardee
 50 

ophi???
jare jenggote rembyak2 jon???
kaya oma???

October 31st, 2008 at 7:14 pm
andy jakmania the galls
 51 

aku wong tegal asli tepate neng kalibuntu city saiki neng jakarta metropolitan city wis 12 taun bojo wong jakarta anak loro(2) lucu-lucu lan nggemesi,aku wis suwe ora balik tegal soale durung nduwe duit akeh,mengko wong tegal sing neng jakarta kabeh pada balik tegal yuk aja neng jakarta bae eben tegal ora sepi maning.neng kene kyeh jhon!!!

November 7th, 2008 at 5:52 am

One Trackback/Ping

  1. Lagun asli tegal « Blog seorang bocah    Jul 31 2007 / 11am:

    [...] Tegal Saya punya beberapa lagu yang menurut saya sangat lucu yang kemarin saya download dari informasi yang diberikan mas traju yaitu tetang beberapa lagu asli made in tegal. Lagunya bikin saya ngakak [...]

Leave a reply

Name (*)
Mail (will not be published) (*)
URI
Comment