January 23, 2009
Filed Under (Basa Tegal) by kanghasan

Salah sijine anggota waroengtegal.org rada kesel karo wong-wong sing pahda ngeledhek atawa ngguyu angger dheweke ngomong nganggo basa Tegal. Dianggep lucu, kasar, sing akhire dadi marahi kagok. Apamaning nagger arep ngomong ning kalangan kanca-kanca sing basa jawane alus (?), kudu siap-siap digeguyu. Malah ana anekdot kaya kiye ” ayu-ay kok kari ngomong gemluthuk kaya wong mangan krupuk” he..he..he…Wah, dianggepe yen logat omongane tegalan (banyumasan) mesthi uwonge ya pada kasar lan brangasane.

Kue kabeh kenyataan. Masalahe bener apa ora yen basa Tegal(an) kue pancen lucu tur kasar? lucune nang endi, kasare nang sebelah endi.

Ndeyan, anggepane wong karo basa Tegal sing ngapak-ngapak kue kepengaruh karo siraran tipi. Kan akeh kueh, mulai sinetron sampai acara lawak-lawakan sing nganggo gong lucu-lucuane tokoh atawa karakter peran wong Tegal. Contone sing jelas ya, Patrio sing nempataken Parto nganggo karakter Tegal. Ana maning Cici Tegal (Sumpah!, wong kiye asli Betawi) sing angger ngomong logate ditegal-tegalna. Jaman gemiyen ana Khaliq (grup lawak Pelita) sing macak bego nanggo logat tegal (jarene sih Kang Khaliq kye asline wong Slawi?). La, nang acara-acara kue kan basa Tegal dadi bahan guyonan (apa olok-olokan?). lewat acara-acara kue mau basa Tegal jan jane go public lan tambah dikenal masyarakat kabeh sa Indonesia. Sayange, sing ditampilaken mung sisi konyol atawa sisi lucune thok. Istilahe, angger ana karakter Tegalan nang sinetron kue tugase kur dinggo mancing lelucon. Lha, kan kurang afdol? Dianggepe basa Tegal kue lucu (akhire padha nganggep Wong Tegal ya kurang luwih padha bae karo gambaran sinetron).

Kasar? sebelah endine? Angger ngrungokaken basane wong terminal atawa koplak ya ning bae tempate mesthi beti (beda tipis). Utawa angger dibandingna karo basa jawa mataraman ya pancen sejen. Nha, nang kene kyeh masalahe.

Bahasa (basa endi bae) sing ana ning swaijine masyarakat (suku, bangsa) jarene para pakar bahasa kan unsur kebudayaan. Bahasa dadi salah sijine unsur sing membentuk identitas kaum. Akhire bahasa uga nggawe batas-batas identitas sing mbedakaken “dhewek” karo wong “liyan”. Apa sing padha karo awake dhewek dianggep bala, batir, jakwir, lan “normal”. Lha, sing sejen dianggep “liyane”, aneh, kasar, dst.

Ndeyan sedulur pahda maklum, ning tanah Jawa sing dadi pusat kekuasaan kue Mataram sing nota bene panggonane ning ngisor Gunung (sing jelas dudu wong pesisiran). Wong pesisir angger ngomonge lirih atawa klemar klemer, suarane kabur daning angin laut. Wong Mataram angger ngomong banter, mbudhegi kewan ning alas, malah pada tangi macane (ha..ha..ha..). Cuma, sebab Mataram sing dadi sumbu kekuasaan, dadine sing duwe otoritas budaya ya Ingkang Ngarso Dalem, Mataram. Alat sing dinggo ngukur apik orane, kasar aluse, ya EJM (Ejaan Jawa Mataraman). Apa maning, Tegal kan “jajahane” Mataram.

Padahal, ujare Nyong sih basa Tegal kue istimewa. Istimewane apa? 1. Grapyak, seneng, nyemangati. 2. Lugas, ora kakehen basa basi.3. Cerminan sikap egaliter, merakyat.4. Jujur (’K’ diunekna ‘K’ (tidak, dudu tida’), dudu ‘, ‘ A’ diunekna ‘A’ (trima), dudu ‘O’ (trimo), ‘G’ monine ya ‘G’ (bedug) dudu ‘K’ (beduk), ‘I’ monine ya ‘I’ (mBak Sri) dudu ‘Ik’ (Mbak Srik). 5. Identitas budayane wong Tegal.5…..(tambahi dhewek…)

Dadi, kesimpulane sementara wong pada nganggep basa Tegal lucu atawa kasar sebab sudut pandang sing esih mambu Ethnosentrise, anggepan salah (sinetron) sing ora diimbangi karo wacana tandingan saka pengampu budaya Tegal eben basa/budaya Tegal manggung “wutuh” termasuk nilai-nilai lan semangate, jati diri Wong Tegal sing esih durung PD karo basa lan budayane.

Mekaten sedulur, sekedar sumbang saran. Saiki ayo padha demen lan ora usah isin-isin nganggo basa Tegal, asal tetep nganggo empan papan.

Ya mbuuhhhh, ya…..


Comments:
27 Comments posted on "Ngapak-ngapak, Kenapa Tidak(k)?"
bulik ani on January 23rd, 2009 at 3:15 am #

Kie mas,aku dewek wong tegal sing manggon neng daerah pasundan.cntone aq bae wis,angger neng ndi2 ktemu karo wong tegal mesti ngomonge tegalan.jujur aq luwih seneng,luwih nymbung nggo duduluran basa tegal..tp mbuh nangapa saking sering nggo basa sunda alus,yen ngomong tegalan koh langka sing percaya..ya diguyu wong.kadang aku kangen nemen basa tegalan tapi langka layane sih yaa ..tur nuwun ulasane mas!


Abd03lz on January 23rd, 2009 at 4:00 am #

Kang Hasan, nyong urip ning Tangerang wis 12 taun, tapi angger ngomong basa Tegal belih tahu moni isin. Pancen ana bae wong Tegal sing merantau angger ketemu karo wong Tegal liyane, ora PD nggango basa Tegal, beda karo nyong, angger ngarti sing dijak ngomong wong Tegal pasti tak jak ngomong basa Tegal.

Menurut nyong basa tegal luwih akrab, ora usah dibeda2kna ngomong karo bocah cilik, sepantaran, utawa wong tuwa pada bae basane.

Viva basa Tegal!!!


wildanoke on January 24th, 2009 at 12:45 am #

perlu dilurusna,..istilah ngapak ngapak kuwe dudu istilah tegal,…sing nyong ngerti ngapak ngapak kuwe bahasa banyumas, cilacap, purwokerto.
tapi ning istilah tegal kuwe sing asli yaiku “ inyong “ alias aku.
ndeyane kuwe kegawa istilah tipi.
aku duwe sedulur asli cilacap,..memang ngomonge ngapak ngapak,..rika,..ramane,..biyunge,..madang, trus liyane. tapi istilah tegal mungkin : ya ora papa,..sampeyan, mbokene,..manene,..mangan, mbadog…..
…………………
aku wong tegal asli saiki esih ning tegal,…mbokan akeh salah njaluk pangapurane sing akeh ya sedulur.
wis semene bae.


Kang Suhar on January 24th, 2009 at 7:43 am #

Salam kenal sedulur. Inyong wong Bumen basane ya ngapak lan ora isin wong basane dewek.
Lha nek udu dewek sing ngapak, Lha sapa maning.
Salam..


Traju on January 25th, 2009 at 12:30 am #

Pokoke basa tegal yaul nemenlah,top markotop hayahayah..Aku kelingen mbiyen pas kuliah ning semarang yen kenalan ditakoni asale singendi?Dijawab tegal,mesti kanca2ku mesem2 dianggepe wong tegal aneh2 apa yah,padahal kan cuma beda basa tegal sing medok,apa salah?


ressay on January 25th, 2009 at 4:27 pm #

Bahasa itu untuk mempermudah kita dalam berkomunikasi. Jadi gak usah dipersulit. Mau pake bahasa tegal, bahasa solo, bahasa banyumas, asalkan paham gak masalah.


Rizal on January 26th, 2009 at 10:19 am #

aku aseli TEGAL, kuliah neng jakarta… ning kene aku sering diedeki gara2 aslei TEGAL. jarene ngomonge ngapak, lucu, ndeso… gara2ne akeh wong dodol warteg sing ngomonge ngapak-e mbang kana2ne padahal dudu aslei wong tegal… tapi nyilih nama tegal go dodolan, akhire kesane neng kanaca2ne aku TEGAL kue ngapak nemen, wagu, lucu, macem2 lah….


arrie on January 29th, 2009 at 2:45 am #

menurutku, basa tegal emang lucu, jawa alus dudu, sunda dudu, unik, cuma tegal sing bisa,, basa tegal jg ora medok, sebab wis kecampur basa sunda & indonesia, nek basa ngapak liyane kan bapak[q]e, mama[q]e, basa tegal kan dadi bapane, mamane, etc.. nek diomongna luwih enteng,,
jujur aku jarang berbahasa tegal, sebab bahasa kan nggo komunikasi, nek sing dijak ngomong dudu wong tegal yha malah menghambat komunikasi. basa sehari-hariku jg kecampur2, suwi2 malah ilang tegale,,
kadang jg isih takon nek ana wong ngomong basa/istilah tegal sing aku ora tau krungu,, :-D


wildanoke on January 29th, 2009 at 4:57 am #

iya, tapi aja nganti klalen karo bahasa ibu,…jor joran lunga sing adoh,..tapi kudu emut tegal,…silahkan belajar bahasa pirang pirang, tapi dang ditakoni nggo bahasa tegal kudu bisa jawab…….


kang Dwi on January 30th, 2009 at 2:09 pm #

Rata-rata mirip ya pengalamane jah Tegal sing tembe ngerantau, diledeki yah itung-itung gojlokgan mental lah…! Latihan mental demi kesuksesan !

Basa Tegal kuwe lugu, tembak langsung, ora mubeng-mubeng! Kiye berpengaruh langsung garo sikap kerja rata-rata wong Tegal sing juga temenanan, sregep, lan tulus kerjane. Mangkane rata-rata wong Tegal kuwe digandrungi nang perantauan.

Pan priben maning adong ora bangga dadi wong Tegal?


Fais on January 31st, 2009 at 1:13 pm #

Pancen basa Tegal(an) unik. Najan padha ngapake tapineng karo Banyumasan tetep sejen. Ora usah isin-isin. Jare guruku mbiyen, akeh basa Jawa Kuno (Kawi) sing sekang basa Tegal(an). Neng Tegal mulane ana BUMIJAWA, kweh….


mohan on February 1st, 2009 at 1:20 pm #

lha kuwe tandane wong tegal sugih. Sugih bahasa… akeh wong dudu tegal tapi ngaku2 tegal. coba nang daerahe aku (GUCI) bahasane sejen karo bahasa banymasan lan tegal bagian kota. aku sih malh seneng nggo bahasane mbokku. aku ning jakrta sering digeguyu yen nggo bahasa tegal tapi wong sing ngeledek dajak bahasa inggris… ngger ora bisa jawab tak balikna… ( Inggris jyga punya bahasa tegal juga punya bahasa… biarin ngapak yang penting kaya bahasa dan orangnya pinter2)


indra1082 on February 2nd, 2009 at 12:36 am #

Angger nunuti cerita mbiyen, sing bahasane kasar sebenere bahasa purwokerto lan banyumasan, trus cirebonan. Kenangapa Tegal sing sering disebut bahasane kasar sebabe akeh nang tipi2 mbiyen sing terkenal wong Tegal, dadi sering kesebut bahasa tegal ngapak-ngapak… Tegal keren kan…….


wildanoke on February 2nd, 2009 at 5:53 am #

yes, this sure,..i am very bungah trus bombong nganggo bahasa tegal,.but..iam asline memang tegal.
when ….wis mbuh,..adang di campur karo bahasa inggris rada nyamar,…mung beda logat.
……………………


arrie on February 4th, 2009 at 9:17 am #

tapi tapi, aku tetep jujur, nek kenalan/ditakoni wong yha njawab asline tegal, nek gon ngomong ya esih bisa lah… ouya, nembe kelingan, kata2 sing ning tegal biasa bae wong liyane ndelenge ora apik.
misal nek basa jogja matamu!!! bagi wong liyane tetep alus walo nek ning jogja artine ora apik.
lha nek basa tegal, cungur nggo wong, nek basa jawa cungur nggo kewan. dadi katone wong tegal kasar nemen.
trus jg wong tegal nek ngarani wong sak kepenake, misal (maap) tai, tembelek, asu, kunyuk, gampang diomongna wong tegal mulai bocah piyik, sampe aki-aki peyot,, padahal kan kosakata kuwe ning tempat liyane artine ora apik.


bangpay on February 5th, 2009 at 2:52 pm #

kelingan jaman SMP, tabloid nova-ne mamake nyong mbahas parto, tanggal lahire ditulis neng salah sijining desa neng cedak bobotsari, purbalingga, jawa tengah.

nyong karo telung kancaku terus njajal maring desa kuwe nggolet sing benere. lurahe mbantah. uga ora ngaku nek parto ki wong kana.

basa banyumas lan basa tegal, tambah suwe tambah ilang, ayo slametna!!

salam sekang wong prakerta!


kang Dwi on February 8th, 2009 at 10:29 am #

Ha..ha..ha… ayo ngapak! Aja isin-isin!

“Balik maring umae dewek, giline becek, kepleak tai bebek, gundule diemek-emek…!”


sayur asem on February 8th, 2009 at 11:07 am #

aku cah Solo, cilik nang mBatang, justru luwih simpati yen ana kanca2 Tegal sing ngomong nganggo Tegal-an, kesane enjoy. Malah angger ana kanca / bocah Tegal (biasane sing kuliahan nang Solo terutama cewek) sing ngobrol maksa nganggo basa wetanan, rasane pimen ya.. (mungkin memang dilatari doktrin sinetron sing nganggep Tegal = lucu / kasar kuwe) dadi kaya isin2 ngana kae..
Sukses buat Tegaler sing enjoy nganggo Tegal-an ning endi bae !!


sany on February 16th, 2009 at 7:35 am #

aku wong depok tapi pernah numpang nimba ilmu nang tegal selama 6 th, mbarang aku wis balik nang daerahe aku dewek aku ngrasa kangen nemen karo bahasa tegal, dadi karna saking kangene aku kosih sengaja manjing warteg, ben krungu wong ngomong tegal, tapi jebule sedulur ngarti ra, sing wartegan kwe dudu wong tegal tapi mlh wong betawi aslinye aduh kecewa nmen belih, sengaja lagi ra ndue duit mangan nang kno ben krungu wong ngomong tegal, eh bahasa sing tak kangen2 malah laka nang kono.. bhs Tegal the best punya dech..


ofa ragil boy on February 16th, 2009 at 1:00 pm #

ya Allah, aku dadi kangen banget karo tegal, wis lawis dadi bang toyib, ngadu nasib neng jakarta,

salam kabeh kanggo blogger tegal,
gabung nieh,

salam,


Rowman on March 5th, 2009 at 10:32 am #

Lahhh nyong wis limang taun lewih nang jakarta nek ktemu karo wonge dewek ya nyong tetep nganggo bhsa ngapak forever,ora usah isin2an malah apik kena nggo ngrasani wong sing ora mudeng hehehee.Salam dari Cah GOMBONG.
Hidup Ngapak-ngapak..sing mada-ni sirahe keplak..wkakakaakkkk..


tseful on March 6th, 2009 at 8:28 am #

sebenere ngapak2 kuwe dudu basa tegal tp banyumasan sing asline basa tegal ya kaya enyong,kowen,ningapa,priben trus liya2ne.bahasa tegal menurute nyong paling asyik.aku justru ora setuju karo arrie sing jarene ngarani wong sakepenake,padahal nyong ning ngundang kanca2 nganggo julukan JON,JEK,JAKWIR CETEM,BOS,NT,karo liyane.jusru sing jawa wetan seliane tegal sing seneng ngundang kancane nganggo arane kewan.tegal kye beda basane karo banyumas ora percaya ngolet bae nang wikipedia trus ngolet kalimat tegal.dadi tegal kuwe ya nduwe bahasa dewek ya kuwe bahasa tegal.


chuanx's on March 25th, 2009 at 11:10 am #

SETUBUH… eh.. setuju kang!!

Ngapak knapa tidak? Ora sombong enyong bisa dikenal nang pabrik (padahal mung kuli) aben dina, ng di bae, ngapak dicocoraken. tapi bisa ngakrabi kabeh!? terserah, mbuh arep mudeng pa ora, nyatane sing ngrungukaken bisa ngormati. padahal krumunanku nang tengah sunda karo lampungan. malah diparabi sinyong koh, anu saking kagloke gole ngmong.

sing enyong sengiti kang, pada pada ngranto, asale ya pada ngapake. wong kae kekeh go basa ind, ketone malah nutup2i jan. kue sg paling njengkeli yakin, kbangetan ujarku.

tapi nang di bae sing penting bisa nempatna diri, upama lagi resmi, ya basa indonesia lah. masa lagi nggawa berita nang tv, ngapake dinggo, ya ketone… kaya apa.


sutur on April 13th, 2009 at 7:05 am #

“itung-itung gojlokgan mental lah…! ”
hahhahahha
bener banget..:))


Rofik on September 24th, 2009 at 4:48 am #

Aq bocah pemalang. Aq seiki nang semarang, aq prihatin maring pandangane wong2 maring basa ngapak2 di anggepe basa ngapak kuwe basa guyon kaya contone kancane aq sing ngomong ngapak sering di guyu di anggepe basa ngapak kuwe basa dagelan apa.mungkin kuwe wis terpengaruh tontonan tivi dadine dadi streotyping maring basa ngapa basa dagelan, kiye enyong sebagai generasi enom ayo pertahana ngomong ngapak ngapak. Setuju apa ora, bila perlu daerah sing ngomonge yuh pada merjuangna gawe propinsi dewek lepas sing jawa tenga, kaya wilayah tegal karo banyumas. HIDUP NGAPAK


donal on October 19th, 2009 at 9:53 am #

Bagi penutur sehari-hari bahasa Banyumasan, sub judul di atas terkesan berlebihan, tetapi bagi para pakar Banyumasan kakhawatiran tersebut sangat beralasan. Budayawan M. Koderi, Fadjar P. dan Ahmad Tohari bersedia sibuk-sibuk menyusun Kamus Banyumasan adalah bukti kekhawatiran tersebut selain karena kecintaan mereka kepada budaya Banyumasan. Untuk sub dialek Cirebonan, budayawan TD Sudjana harus bersitegang mempertahankan agar mata pelajaran bahasa daerah Cirebonan tidak dihapus dari muatan lokal kurikulum pendidikan nasional.kunjungi http://www.wikipedia.com


Brito Budiaman on December 26th, 2009 at 11:53 am #

Wis pokok e …. pan beliih

Inyong bae dudu wong Tegal … tapi hobi ngrengo’na wong Tegal sing pada ngobrol ….. uh jan penake nemen

Yaa …. hobi maring Slawi … yaa Guci … yaa Cacaban …. ya nang Procot sing isine nangka-tok

Bahasa Tegal kuwi manteph …. kaya sambel trasi sing pedes kae …. ndeyan

Idih …. pada kepriben sih …. wong inyong bae dudu wong Tegal …. senenge ngomong Tegal

wis laah …. pan beliih

Ya wis ngisuk maning yaa
Inyong pan balik dingin


Post a comment
Name: 
Email: 
URL: 
Comments: