|
March 04, 2009
Filed Under (Basa Tegal) by irfanantono
Krungu-krungu taun wingi sempet ana “kongres bahasa tegal”. Mbuh ra ngerti apa sing dibahas nang kono tapi sing jelas kayane kuwe salah sijine usaha kanggo ‘meningkatkan derajat bahasa’. Mbuh kayane kanggo sebagian wong tegal wis kadung ana stigma alias gambaran negatif neng basane dhewek, yaiku anggepan nek basa tegal kuwe basa rendahan. Tambah sederhana basane tambah sederhana pikirane. bisa diakui lah nek basa tegal kuwe bagian basa jawa alias varian logat jawa. Nah, masalahe nang jero basa jawa dhewek kuwe asline ana tingkatan-tingkatan, trus kayane basane wong tegal kuwe sing paling rendahan. ngapa? katon lah, saiki endi sing basa alus nang tegal? kayane sa’alus-aluse basa tegal esih dianggep ora alus. Wah, apes temen.
Mungkin sing dadi dalil basa kuwe refleksi peradaban masyarakat sing nganggo. semakin rumit basa semakin tinggi peradabane, jarene kaya kuwe. Ana sing nyontohna kaya kiye, wong indonesia ngapa kok ora maju-maju kiye karena cara pandang hidupe wis terbentuk alias terkonstruk seka basane, basa indonesia sing ora ribut masalah ‘waktu’ karo ‘gender’ ndadekna pertimbangan sesuatu neng wong indonesia kiye ora semateng liyane. Basa indonesia gampang dipelajari daning wong inggris. sawalike, dhewek angger pan belajar basa inggris kangelan neng masalah tenses karo gender. intine, jare, kerana basane bae ra ribet, pan ngomong gari ceplos mangkane ya wonge pikirane ora maju. Kerana basa ya dianggep dadi mediane pikir. dhewek kan angger mikir-mikir kan mesti ngelibatna basa, ya kan? Apa maning angger pan nyampekna pikirane nang wong liya, mesti nganggo bahasa.. hayoh kuwe.. kayane emang bener ne dhewek memang ora maju-maju kerana basane. Tapi, apa ya memang dhewek ora maju ? Aja-aja mung anggepan maning kaya basa dhewek. Duh, asline dhewek pikirane maju ora sih ? Trus, angger maju, aja-aja kuwe kerana dhewek wis ninggalna basa tegal?. Masalahe kayane ya angel angger golet ilmu (sing marai maju) atawa info apa-apa sing nganggo basa tegal. Kabeh kayane nganggo basa inggris, indonesia, lan liya-liyane. Dadi, kayane basa tegal wis ditinggalna. Nah, angger wong sing nduwe basa kok wis ninggalna lan ora nganggo basane kuwe insya Allah ora suwe basa mau bakalan mati. Yah, iya ora? Pimen, basa tegal dipateni bae apa? wis lah, ra sah nganggo basa tegal, lha wong nang kota be kayane wis ora pada nganggo basa Tegalan. Nggo apa ana kongres bahasa segala? aja-aja mung sekedar proyek ben olih duit. Ditinggale basa tegal dadi masalah ora sih ? Aja-aja dhewek mung njagani ben nenek moyang ora jengkel ? Ya wis, angger ora guna ya mending ditinggal bae. Contone basa sing mati kerana ditinggal speaker-nya wis akeh. Huh, aja jengkel ndisit, aku ya ngerasa aneh juga, ya bokan ana sing jengkel kiye ko ana wong Tegal wani-wanine nulis kaya kiye, nang waroengtegal maning ! Dina tambah dina kok terus-terusan basa Tegal mulai ilang.. nah kuwe..siap-siap bae angger anak putune dhewek ora bisa basa Tegal. Jelas, saiki sing paling enak kuwe nggunakna basa Tegal dadi basa pergaulan sehari-hari. Penting banget. Basa sing sederhana lan ora ribet kuwe basa sing paling pas kanggo basa harian nggo urusan muamalah lan mu’asyaroh bainan naas.. So, let’s use our language as lingua franca…! Dadi, asal basa Tegal tetep dinggo nggo basa sehari-hari insya Allah putune sampean bakal tetep bisa ngomong ‘inyong’…
Comments:
30 Comments posted on "Basa Tegal Bakal Mati?"
irfanantono on March 4th, 2009 at 4:41 am #
ngapurane bokan ana sing salah
KH on March 4th, 2009 at 7:50 am #
salut Nyong, karo Rika sing duwe perhatian karo basane dhewek. Tapi ana sing perlu dirembug maning :
lukman dukuhlo on March 4th, 2009 at 1:40 pm #
basa tegal tetep dinggo,utamane nggo komunikasi karo sing pada pada wong tegal,walaupun nang endi panggonane!tapi adong ngomong karo wong liya daerah ya wajar oh ora nggo basa tegal.soale sing dijak ngomong ora ngarti.loken nyong ning jokja ngomonge nggo basa tegal.?ya wonge pada bingung oh jooon.
bachtiar on March 5th, 2009 at 6:01 am #
tetep inyong lah……
Fais on March 5th, 2009 at 12:40 pm #
Aja watir, yen nesih ana wong Tegal ya nesih ana basa Tegalan.
hatta on March 9th, 2009 at 3:37 am #
niku sae-sae mawon,,, asal tetep ngangge tata krama ingkang leres, nggih,,
wildanoke on March 11th, 2009 at 2:31 am #
wakakakakakak,…sekali tegal tetp tegal , kaya kuwe khan??
Oi-TEGAL on March 11th, 2009 at 2:43 am #
nang ndi bae, kumpuL karo wonge dewek ya nganggone basa tegaLan,,
tedi triyono on March 11th, 2009 at 6:17 am #
aku seneng dadi wong tegal ora isin ngomong basa tegalan, ora usah pada gaya ngomong nganggo basa inggris ana apa asale tegal ya tegal reka reka temen, HIDUP BASA TEGAL . . . . .
eron on March 11th, 2009 at 8:21 am #
ya pancen bener…wingi enyong bar balik tegal, lagi maning toko pan tuku sabuk,pelayane nganggone bahasa RI-nan,kayane “isin” apayah nganggo basa tegalan?
nelly on March 19th, 2009 at 4:33 am #
Basa tegal kuwe ajaib…biarpun wis suwe ora ngomong, tapi angger wis kesetrum basa tegal, langsung nyambung, terus basane enak angger dicampur karo basa liane, basa inggris mbuhapa. Kosakatane kaya akan ungkapan2 sing guyup, akrab, cocok nggo basa gaul. Uga angger nggo tukaran…wah marem nemen…he he he
hendri on March 24th, 2009 at 4:16 pm #
bener kuwi mas, aku yen ketemu cah tegal ning bandung be, pada isin ngomong bahasa tegal asli alias aliergi, ndean …..
DoeLKeNyoets on March 29th, 2009 at 8:16 pm #
wees… wong pan ngomong apa bae, sing penting inyong seneng dadi wong Tegal. Ora sah isin-isin lah pan ngomong bhs Tegal mbuh neng perantauan mbuh neng endhi bae. iia ora… jack.!! Tegal Laka-Laka…… !!!
Taufik on April 11th, 2009 at 4:32 pm #
sampeyan gawe artikel aneh-aneh bae , ora mungkin bahasa tegal mati , sampeyan ora bisa nyalahna sabagian kanca-kanca Wong Tegal sing mulai ninggal basa tegal, iku jalaran “menyesuiakan dengan lingkungan tempat tinggalnya” sing ana ning liya-liya tempat seluruh Indonesia . Inyong usul karo Pemerintah kabupaten Tegal supaya coba upaya pelestarian basa tegal lewat pengadan Mata Pelajaran bahasa Tegal. Matur Nuwun
sutur on April 13th, 2009 at 4:58 am #
nyong tembe ‘dong’…bahasa tegale setuju apa y?
warteg on April 13th, 2009 at 2:46 pm #
wah…kayane tah ora owh…
Pak Hadi on April 16th, 2009 at 4:30 am #
Inyong wis puluhantahun ngamati bahasa Tegal.Ternyata bahasa Tegal kuwe unik.Kosakatane luwih akeh ketimbang bahasa Indonesia.Bahasa Ind. mung ana Basah karo Kering. Bhs Tegal ana teles,garing,cepel. Ana cebrik,paluh,mblekuk,dsb. Bhs ind. mung ana mencubit. Bahasa Tegal bisa pirang2.jiwit,nyetit,njetot,njewel,nyemol dsb. Bhs Ind. mung ana menggigit. Bahasategal bisa nyokot,nglethus,nglethis,nyigit (mengkreng) dsb. Ora sesederhana anggepane sampeyan.Bisane dirungokna kayong kasar,kosakata Bahasa Tegal akehnganggo huruf2 j,g,b. Njeglug,numbleg,jog,anjlog,mbonjrot…dsb. Bhs Tegal luwih demokratis,egaliter.Angger kepengin ngarti luwih akeh,tentang bhs.Tegal, bisa mbuka http.//ccvcku.wordpress.com – begawantegal.blogspot.com lan blog2 tegalan sejene.Ayo pada ngrumat bahasa Tegal, supaya aja cepet punah.Eman2 warisane bapatuwa lan buyut2e rika kabeh.Mbokan pada kuwalat..Salam.Pak Hadi.
endar on April 19th, 2009 at 4:21 am #
kula nuwun….
irfan on April 19th, 2009 at 9:12 am #
Sing jelas, kosakata2 sing aneh2 lan lawas ora dienggo mesti wis mulai pada klalen, anak putu apa maning mestine bakalan ora paham. ya wis katon lah.. bakal bertahan sampe taun pira kiye? he2..kamsude semakin ilang basane kan bisa dipahami kosakata wis mulai pada ilang.. sebenere sih ora mung basa tegal tok sih, malah basa jawa sing luwih luwas..
Latif IMT Ciputat on April 21st, 2009 at 2:01 pm #
Daerah Tegal sabenere sugih kosakata bahasane. bayangna bae, daerah neng Tegal, sing siji lan liyane, akeh sing nduweni kata-kata sing saling memperkaya. dadi perbedaane gudu neng masalah logat tok. jarene aku tah perlu lan kudu dipertahankan. ayo bareng-bareng ngelestarikaken bahasa Tegal. bahasane nyong lan sampeyan kabeh. matur nuwun.
karyanto on May 14th, 2009 at 8:11 am #
dulur aja klalen karo basane dewek senajan uripe merantao
Junardy on May 17th, 2009 at 9:22 am #
Jare aku, ora usah isin nganggo basa tegalan, nang nggone dewek apa nang nggon liya, masalah logat ujarku sedulur kabeh bisa nyesuekna, aku malah wis 10 tahun neng jakarta, tetep bae logat tegale ora tak ilangna, nganggo basa indonesia-a tetep logate wong tegal (medok), wong2, batir pada seneng, malah pada tiru2. Nah, saiki olih bojo wong Cilacap, ya kadang ngobrole tegalan kadang banyumasan, ora sejen lah. Tapi saiki ya mulai blajar basa krama alusan, ngormati mertua, sanak sedulur-e bojo, sing lwih tua. Aku seneng ketemu website kiye, kebeneran lagi golet2 website / blog sing mbahas ttng “tegal”. Matur sembah nuwun.
funsday on May 17th, 2009 at 1:05 pm #
bener kang,basa tegal wis hampir punah.Apamaning dong ngrongokna bocah tegal-slawi nganggo basa loe-loe/gue-gue(Wagu men sung logate ora bisa ilang)mending sekalian nggo basa tegal(khususe basa pergaulan lho…)sing wis jelas emang dasar wong tegal.daripada nganggo basa indonesia tapi logat tegale ora ilang(ngisin-ngisina ha…ha…) SAYA TA TIDAK OWH……………..
waridin on May 20th, 2009 at 7:10 pm #
Kulonuwun…..
amie cikarang on May 28th, 2009 at 4:13 pm #
amien smoga aja sampe ilang basa tegal, tp emang kudu d akui kosakata basa tegal 1 per 1 mulai ilang…
akur on September 14th, 2009 at 5:28 am #
Assalamu’alaykum wr.wb.
tarwad on October 11th, 2009 at 4:02 am #
bener..bener sung setuju lah…apa maning karo mbak nelly neng nduwur… basa tegalan anggere dirungokna kayong nggawe akrab nemen…tapi anggere wong tegal tukaran ya,..luwih rame,sebabe sak kandang metu kabeh sih….asline angger ngomong basa tegal karo banyumasan apa liyane sing medok2 kae kasar ya kurang setuju…wong kuwe dipengaruhi daning liya2ne…basa tegal kuwe mlebune NGOKO sebabe neng tegal laka priyayine…anggere ana ya wong-wongane merakyat nemen ndeyan…dadine ya luwih seneng nganggo basa jawa NGOKO…mung siji keh sedulur kabeh…aja bahasa bae lah sing diributna…jarene tegal mlebu 10 daerah paling duwur korupsine…keprimen kiye??aja mung didelengna lah..enyong watir mbokkan kena musibah kaya daerah liyane…
mfatihurrizqi on November 27th, 2009 at 4:17 pm #
aku ra setuju karo “akur” jere sapa wong tegal luwih ora medhok ketimbang wong brebes, cilacap, banyumas, lan sakliyane? tapi berdasarkan pengamatan nyong malah wong tegal kuwe ra bisa ngilangna ketegalannya yang sangat medhok…..pengen bukti mrana geh meng jakarta, survei ning warteg2. tapi aku salut lah kro wong tegal sing ora kelalen kro jatidiri basane, ketimbang wong selain tegal sing ngapak2.
waroengtegal.org » Blog Archive » Okelah Kalo Begitu on December 4th, 2009 at 5:47 am #
[...] Bongky (ex personil Slank dan BIP) untuk membentuk Warteg Boys, yang beraliran Hip hop dengan rap ngapak alias dialek khas orang-orang di daerah Tegal, Purwokerto dan sekitarnya. Dengan menggandeng dua [...]
ziezouvick on December 13th, 2009 at 3:42 am #
aku nembe buka web kie..judule medeni nemen sung…mbaca tulisane,,isine serius..tapi mbacane karo cekicikan dewek..dudu moni ngece..tapi ya kue ne mbaca tulisane tegal kayane pengen ngguyu…pada intine sih aku setuju baen..bahasa tegal kue dirungukna enak..kadang ne suwe ora ngomong kayong kangen..untunge neng kene ana jakwir sing sering ndospok karo tegalan.. Post a comment
|
|