|
May 03, 2009
Filed Under (Basa Tegal, Nyante) by irfanantono
Isuk-isuk karo medhang jagongan nang jogan ngarep umah, aku karo slonjor lingak-linguk ndeleng motor pada sliwar-sliwer nang dalanan. Wit pelem ngarep umah sing wis mrendot katone wis bosen pirang-pirang taun kiye laka sing mbabadi, godong-godonge pada tiba nang dalan sebab wite wis njorok mana. Seolah ngerasa berdosa sebab ngotori jalan umum, isuk-isuk si wit pelem wis ngejak angin goyang bareng ben godong pada protol. Ndean ta si wit pelem mbatin ngene, “Ah, ben sing nduwe umah weruh angger godonge aku ngotori dalan”. ndean ta kaya kuwe. Ora ketinggalan, bojoku teka terus njagong ngancani njajal ngeling-eling jaman mbiyen pas esih kuliah nang Jogja sing jare berhati nyaman. “Mas, sarapan riyin !”, jarene. “Wah, aku durung ngelih he de’..”, ujarku kaya kuwe. “Aku kelingan mbiyen pas nang Jogja de’, mangane sedina ping pindo, awan2 jam sepuluhan nembe sarapan, terus bar magrib nembe mangan maning, kuwe be angger ora puasa. Saiki, dhewek nang Tegal kayong boros nemen sedina mangan ping telu, malah kadang ping papat”, Ujarku kaya kuwe. “Tapi de’, aku mbiyen jan kangen terus pengin balik nang Tegal, mangan ping telu, panganane khas, tehe wangi, wah, pokoke Tegal Laka-laka ! Coba angger aku sida melu kowen, ora urip nang Tegal, wah, kayane aku ngerasa pimen yaah. Untunge mbiyen sempet mikir, masa ndadak sekolah adoh-adoh nang Jogja terus ora bisa bagi manfaat nang Kampung halaman. Mbiyen pas pertama kali dolan nang umahmu kana, aku kayong tertarik pengin urip nang desamu sing adoh seka Tegal kiye. Aku sampe putus asa geh, cinta berat sama kamu, tapi kayong angel angger ora balik nang Tegal, mbuh pimen rasane. Untung bae kowen gelem tak boyong mene. Wah, akhire aku seneng nemen noh.” Ujarku ngelirik karo senyum maring wadon sing paling tak tresnani. Bojoku mbales senyum. Dunia kayong sepi geh.. “Iya mas, riyin bapa ngersaaken panjenengan niku saged tinggal teng mriku. Tapi pripun maleh, bapa njeh mangertosi alesanipun mas.” Jare bojo kaya kuwe. “Tapi, kowen betah nang kene o ya ?”, aku takon bojoku. “Alhamdulillah mas, betah sanget kula teng riki, boten nyesel kula nderek tiyang Tegal.”, jawab bojo. “Syukur lah, berarti tulisan tengah dalan mbiyen pas tahun rongewu sanganan sukses besar. MARI KITA JADIKAN TEGAL MBETAHI LAN NGANGENI.” Sulang Mejasem Timur Kramat Tegal, 3 Mei 2015. (Irfan)
Comments:
4 Comments posted on "Mbetahi lan Ngangeni"
gundul@n on May 3rd, 2009 at 3:24 pm #
Pimen carane ben mbetahi lan ngangeni; kudune uripe pada makmur, mulai masalah ekonomi, kesehatan, pendidikan, hiburan rekreasi, dan laen2nya.. Kudune perguruan tinggi sing ana ben kualitase semakin better n better, ben SDM sing ana bisa tambah maju.. kudune putra daerah bisa berbakti di daerah sendiri, jarene wong sing paling untung kuwe sing olih rejeki lan jodoh nang daerahe dhewek.. dan laen-laen silakan nambahi dhewek2, mbokan kurang ya tanduk maning maring warteg, bayar dhewek2.. Ayo sing pada adoh seka Tegal pada kangen maring tanah laire, jarene tanda kesetiaan seseorang kuwe bisa diukur sebesar kerinduannya pada kampung halaman…
nur.asiyah80 on May 9th, 2009 at 4:44 am #
tuullllllllllll… aku sependapat kro njenengan mas gundul@n… maaf aku rak ngerti asmane njenengan..
Cah sabawana on August 24th, 2009 at 4:12 pm #
Pancen bener,mbokan pengin ngangeni ya bocah nom yuh pada kompak n kreatf..aja mung nongkrong gangguni wong liwat..gawe tim olahraga atw ksnian..syukur bs gwe usaha cilik2n gadi sangune ra njaluk ning wong tua trz.
TRIYO SOMA HENDRA on November 22nd, 2009 at 9:31 am #
Pancen muanteb Urip ning TEGAL, teh poci gula batune yen di sruput esuk-esuk lawane gemblong getuk, weleh..weleh surga dunia wis pokoke. aku wis bosen urip ning jakarta pengen hijrah balik maring tegal. mudah-mudahan olih dalane, dadi urip ning tegal gaji jakarta, tenang pokoke uripe ya ora soon ??? Post a comment
|
|