Archive for September, 2009
September 11, 2009
Malem rebo aku diundang melu rapat karo wong tuwa-tuwa sing wis pada sukses nang Jogja. Rencanane pan ana acara gedhe-gedhenan nang Jogja sing nglibatna wong-wong Tegal segala lapis mulai sing ngabdi negeri, pensiunan, dodolan warung, martabak, kuliah, nyantri, sampe sing iseh sekolah. Acarane engko bar bada, persise tanggal 4 oktober 2009 nang benteng Vrederburg. Aku dikon ngordinasi kanca-kanca mahasiswa mulai sing nang UGM, UII, UIN, UPN, d.l.l. Pas acara kiye, kang Traju sing tukang otak atik blog kiye juga melu, mbuh daning tak enteni laporane kaa.. |
|