Archive for the ‘Basa Tegal’ Category
December 04, 2009
Judul lagu tersebut akhir-akhir ini sangat familiar sekali di telinga kita, hampir setiap hari lagu itu menghiasi berbagai media elektronik dari mulai internet, radio sampai televisi. Berlahan tapi pasti, lagu nyentrik ini menggantikan lagu-lagu gokil pendahulunya semacam Tak Gendongnya si Mbah Surip, Lupa-lupa Ingatnya Kuburan Band. Mungkin karena terlalu banyaknya band dan penyanyi yang mengusung jenis musik pop dan rock, masyarakat membutuhkan sesuatu yang beda, sesuatu yang simpel, mudah diingat dan menghibur tentunya. Peluang itulah yang kemudian dimanfaatkan oleh Bongky (ex personil Slank dan BIP) untuk membentuk Warteg Boys, yang beraliran Hip hop dengan rap ngapak alias dialek khas orang-orang di daerah Tegal, Purwokerto dan sekitarnya. Dengan menggandeng dua anggota Agooz dan Ari sebagai ngapak rappers, sedangkan Bongky sendiri berperan sebagai mas DJ, Warteg Boys menghasilkan single andalannya ‘Okelah Kalo Begitu’ yang bisa menggebrak industri musik tanah air dan bisa diterima hampir semua kalangan dan usia. Berikut ini lirik lagunya: Sebagai orang Tegal, kita boleh bangga karena dialek atau logat ngapak kita ketika digunakan untuk membuat lagu bisa booming dan diterima di industri musik tanah air. Walaupun sepengetahuan penulis Bongky bukanlah orang Tegal, tapi dengan sentuhan ide kreatifnya Bongky bisa sukses dengan konsep rap ngapak yang dia tawarkan. Di sinilah kita sebagai orang Tegal harus termotivasi, khususnya para pemusik dari Tegal untuk bisa membuat karya bercirikan Tegal yang lebih baik, dan umumnya untuk semua masyarakat Tegal banggalah dengan bahasa, logat dan dialek kita, tidak usah malu mengakui ke-ngapakan kita.. Berikut cuplikan video dari Youtube.
September 11, 2009
Malem rebo aku diundang melu rapat karo wong tuwa-tuwa sing wis pada sukses nang Jogja. Rencanane pan ana acara gedhe-gedhenan nang Jogja sing nglibatna wong-wong Tegal segala lapis mulai sing ngabdi negeri, pensiunan, dodolan warung, martabak, kuliah, nyantri, sampe sing iseh sekolah. Acarane engko bar bada, persise tanggal 4 oktober 2009 nang benteng Vrederburg. Aku dikon ngordinasi kanca-kanca mahasiswa mulai sing nang UGM, UII, UIN, UPN, d.l.l. Pas acara kiye, kang Traju sing tukang otak atik blog kiye juga melu, mbuh daning tak enteni laporane kaa..
May 03, 2009
Filed Under (Basa Tegal, Nyante) by irfanantono
Isuk-isuk karo medhang jagongan nang jogan ngarep umah, aku karo slonjor lingak-linguk ndeleng motor pada sliwar-sliwer nang dalanan. Wit pelem ngarep umah sing wis mrendot katone wis bosen pirang-pirang taun kiye laka sing mbabadi, godong-godonge pada tiba nang dalan sebab wite wis njorok mana. Seolah ngerasa berdosa sebab ngotori jalan umum, isuk-isuk si wit pelem wis ngejak angin goyang bareng ben godong pada protol. Ndean ta si wit pelem mbatin ngene, “Ah, ben sing nduwe umah weruh angger godonge aku ngotori dalan”. ndean ta kaya kuwe. Ora ketinggalan, bojoku teka terus njagong ngancani njajal ngeling-eling jaman mbiyen pas esih kuliah nang Jogja sing jare berhati nyaman. “Mas, sarapan riyin !”, jarene. “Wah, aku durung ngelih he de’..”, ujarku kaya kuwe. “Aku kelingan mbiyen pas nang Jogja de’, mangane sedina ping pindo, awan2 jam sepuluhan nembe sarapan, terus bar magrib nembe mangan maning, kuwe be angger ora puasa. Saiki, dhewek nang Tegal kayong boros nemen sedina mangan ping telu, malah kadang ping papat”, Ujarku kaya kuwe. “Tapi de’, aku mbiyen jan kangen terus pengin balik nang Tegal, mangan ping telu, panganane khas, tehe wangi, wah, pokoke Tegal Laka-laka ! Coba angger aku sida melu kowen, ora urip nang Tegal, wah, Read the rest of this entry »
March 04, 2009
Filed Under (Basa Tegal) by irfanantono
Krungu-krungu taun wingi sempet ana “kongres bahasa tegal”. Mbuh ra ngerti apa sing dibahas nang kono tapi sing jelas kayane kuwe salah sijine usaha kanggo ‘meningkatkan derajat bahasa’. Mbuh kayane kanggo sebagian wong tegal wis kadung ana stigma alias gambaran negatif neng basane dhewek, yaiku anggepan nek basa tegal kuwe basa rendahan. Tambah sederhana basane tambah sederhana pikirane. bisa diakui lah nek basa tegal kuwe bagian basa jawa alias varian logat jawa. Nah, masalahe nang jero basa jawa dhewek kuwe asline ana tingkatan-tingkatan, trus kayane basane wong tegal kuwe sing paling rendahan. ngapa? katon lah, saiki endi sing basa alus nang tegal? kayane sa’alus-aluse basa tegal esih dianggep ora alus. Wah, apes temen.
January 23, 2009
Filed Under (Basa Tegal) by kanghasan
Salah sijine anggota waroengtegal.org rada kesel karo wong-wong sing pahda ngeledhek atawa ngguyu angger dheweke ngomong nganggo basa Tegal. Dianggep lucu, kasar, sing akhire dadi marahi kagok. Apamaning nagger arep ngomong ning kalangan kanca-kanca sing basa jawane alus (?), kudu siap-siap digeguyu. Malah ana anekdot kaya kiye ” ayu-ay kok kari ngomong gemluthuk kaya wong mangan krupuk” he..he..he…Wah, dianggepe yen logat omongane tegalan (banyumasan) mesthi uwonge ya pada kasar lan brangasane. Kue kabeh kenyataan. Masalahe bener apa ora yen basa Tegal(an) kue pancen lucu tur kasar? lucune nang endi, kasare nang sebelah endi. Ndeyan, anggepane wong karo basa Tegal sing ngapak-ngapak kue kepengaruh karo siraran tipi. Kan akeh kueh, mulai sinetron sampai acara lawak-lawakan sing nganggo gong lucu-lucuane tokoh atawa karakter peran wong Tegal. Contone sing jelas ya, Patrio sing nempataken Parto nganggo karakter Tegal. Ana maning Cici Tegal (Sumpah!, wong kiye asli Betawi) sing angger ngomong logate ditegal-tegalna. Jaman gemiyen ana Khaliq (grup lawak Pelita) sing macak bego nanggo logat tegal (jarene sih Kang Khaliq kye asline wong Slawi?). La, nang acara-acara kue kan basa Tegal dadi bahan guyonan (apa olok-olokan?). lewat acara-acara kue mau basa Tegal jan jane go public lan tambah dikenal masyarakat kabeh sa Indonesia. Sayange, sing ditampilaken mung sisi konyol atawa sisi lucune thok. Istilahe, angger ana karakter Tegalan nang sinetron kue tugase kur dinggo mancing lelucon. Lha, kan kurang afdol? Dianggepe basa Tegal kue lucu (akhire padha nganggep Wong Tegal ya kurang luwih padha bae karo gambaran sinetron). Kasar? sebelah endine? Angger ngrungokaken basane wong terminal atawa koplak ya ning bae tempate mesthi beti (beda tipis). Utawa angger dibandingna karo basa jawa mataraman ya pancen sejen. Nha, nang kene kyeh masalahe. Read the rest of this entry »
December 15, 2008
Filed Under (Basa Tegal, Teknologi) by wildanoke
Tegal salah siji daerah ning jawa tengah sing kocape wong tegal, kuwe campuran tegal kota karo tegal kabupaten, padahal kuwe beda administrasi pemerintahan. ning daerah tegal terutama ning kabupaten sing wilayahe awit daerah laut surodadi, warurejo, kramat nganti pucuk gunung ning jejeg bumijawa atawa bojong. sing jarene ilmu geografi kuwe daerah sing duwe segala galane, duwe laut, alas atawa gunung dadi ora usah eram. makane wong wonge sing manggon ya macem macem wateke, ana sing keras kaya daerah pesisir atawa ana sing sedengan kaya ning daerah perkotaan kaya benjaran, kemantran , balapulang,slawi trus margasari. atawa ana sing lemes dedes kaya tepes kudanan sore meski ngomonge rada njaglug kaya daerah bojong karo gucci. aku ning kene kye ora pan nulis masalah geografi, tapi pan nulis masalah pentinge sarana komunikasi nggo ningkatna keamanan atau nyampekna informasi sing memang penting. ning tegal ana organisasi sing arane RAPI singkatane Radio Antar penduduk Indonesia, yaiku organisasi sing gunane mbantu komunikasi antara penduduk sing ana ning indonesia, organisasi bersifat sosial, makane sing awal kuwi aku ngomong wilayah tegal sing ambane ora lumrah bisa nggunakana teknologi komunikasi radio, tinimbang nggo hp atawa telepon mestine pulsane akeh nemen. trus teknologi radio komunikasi kaya kiye wis teruji kegunaannya, yaitu waktu ning aceh ana tsunami, segala infrastruktur ancur, sing bisa di nggo mung cuma radio brik brikan, malah presiden SBY mengendalikan perintah kepada bupati atawa gubernur nggone pesawat HT. karo pesawat brik brikan kaya kiye memang kesane dolanane wong nganggur, tapi bisa dijukut sisi positipe,.bisa mbantu polisi njaga keamanan, bisa mbantu masyarakat mbutuhna informasi sing ora bisa disampekna nggo telepon, atawa liyane. ana macem macem organisasi sing nangani masalah brik brikan contone Yanmas kodene YM, ORARI kodene YD,YG,YC,YB, terus Senkom, terakhir RAPI kodene JZ. mbokan sampeyan weruh ana mobil trus ana antene nyungat duwur, trus ana tulisan ning kacane mobil biasane kode ornagisasi, misale JZ 11 JTI, apa YC 2RCJ, lan sateruse semene bae informasine ngko ning kaur ana tambahane |
|